Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam bersabda,

إنَّ طُولَ صَلاَةِ الرَّجُلِ وَ قَصْرَ خُطْبَتِهِ مَئِنَّةٌ مِنْ فَقْهَهِ

“Sesungguhnya panjangnya shalat seseorang dan pendeknya khutbah merupakan tanda kedalaman fiqihnya.” (HR. Muslim)
TEMA BARU
Loading...

ISTIQOMAH BA'DA RAMADHAN

ISTIQOMAH BA’DA RAMADHAN

إِنَّ الحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ إِلَيْهِ ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا ، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ ، وَأَشْهَدُ أَنَّ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ ؛ صَلَّى اللهُ وَسَلَّمَ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ .
أَمَّا بَعْدُ
Khutbah Pertama:

Para sederek jama'ah Jum'ah rahimakumullah,

Mangga kita samiya tansah  netepi taqwa dateng Allah, kanti taqwa ingkang sakestu sarana tansah nindakaken sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun , wonten ing swasana kados menapa kemawon, kapan mawon, lan wonten ing pundi kemawon,  nuju suka utawi berduka, kawontenan sulit utawi gampil, ing kawontenan sepen utawi rame , tansah netepana taqwa lan thaat dateng Allah supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang  saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala, bade kabikak keberkahan saking sedaya arah kalebat saking bumi lan langit, Allah mila sampun njanjekaken kanti dawuhipun :

وَلَوْ أَنَّ أَهْلَ الْقُرَى آمَنُوا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِم بَرَكَاتٍ مِّنَ السَّمَآءِ وَاْلأَرْضِ

"Sekirane penduduk negara iku pada iman lan taqwa, yekti mesti wae tak bukak barakah sangka langit lan bumi. (Q.S. al-A'rof: 86).

Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya

Wulan Ramadhan nembe kemawon kepengker, swasana masyarakat kita wekdal semanten ketingal sanget gumbregah lan semanget nindakaken sak warnining pangibadahan, mboten namung ingkang wajib nanging ugi amal amal sunnah.

Pramila kita estunipun kedah saget nglestantunaken semanget menika kangge wekdal wekdal sak lajengipun. Ampun ngantos kita nandang karugen jalaran amal sae ing wekdal Ramadhan kepengker lajeng wusananipun ing wulan syawal lajeng kita ujan ujanan nuruti dateng karemenan tanpa kendali.

Menawi nalika kita shiyam nafsu kita sampun takluklan tunduk, ampun ngantos lajeng kanti alasan mahargya dinten riyadin kita gantos nuruti  hawa nafsu kita. Menawi mekaten kedadosanipun kita ngrisak dateng nilai nilai ketaqwaan ingkang sampun kita gayuh kanti ngelak lan luwe nalika shiyam sewulan Ramadhan kepengker.

Bab menika Allah sampun paring pepenget dateng kita :

وَلَا تـَـكُـونـُوا كَالَّـتِى نَـقَـضَـتْ غَـزْ لـَـهَـا مِـنْ بـَعْــدِ قُــوَّةٍ أَنْــكَاثًـا

"Sira aja padakaya wong wadon sing ngudari benang tenune, sakwise ditenun kanti kuat "
( QS.An Nahl : 92)    

Dawuh menika nggambaraken tiyang ingkang sampun kaleksanan nindakaken kesaenan kanti tlaten, sabar mbaka sekedik open tlaten nanging sinareng sampun kaleksanan malah lajeng dipun risak piyambak.

Mekaten ugi kita ingkang wekdal kapengker kanti sabar nindakaken ibadah, sae ingkang fardlu utawi sunnah ing sak lebetipun wulan Ramadhan, lajeng akhiripun sinareng sampun cekap wulan ramadhan lumebet wulan Syawal lajeng nguja hawa tumindak menapa kemawon ingkang dipun pengini.

Tiyang ingkang mekaten bade sanget kapitunan jalaran kesaenanipun dipun risak piyambak kanti anggenipun tansah nuruti dateng hawa nafsunipun.

Pramila kita kedah tansah waspada dateng godanipun hawa ingkang dumunung ing sak lebetipun awak kita piyambak menika.

Menawi gesang menika namung sekedar nuruti dateng pepinginan lan pikajengan, sahengga reka dayane sedaya usahane namung amrih saget keturutan pepinginanne, ateges tiyang menika sampun ngumawula, menghambakan diri dateng hawa nafsune. Ing mangka tiyang ingkang ngumawula dateng hawa ateges nganggep pangeran dateng hawanipun, tiyang menika badhe mlenceng saking kaleresan, tumuju dateng lampah ingkang sasar, nilar dateng keadilan lan badhe tebih saking pitedah ingkang leres.

Kados Allah anggenipun paring dawuh :

وَلاَتَتَّبِعِ الْهَوَى فَيُضِلُّكَ عَن سَبِيلِ اللهِ إِنَّ الَّذِينَ يَضِلُّونَ عَن سَبِيلِ اللهِ لَهُمْ عَذَابٌ شَدِيدٌ بِمَا نَسُوا يَوْمَ الْحِسَابِ

“… lan sira aja nuruti hawa sebab bakal nyasarake sira saking dalane Allohlan saktemene sapa kang sasar saka dalane Allah, Tumprap dheweke siksa kang abot sebab olehe pada lali  ing dinoa hisab”
(Q.S.Shad: 26)

Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya

Langkung langkung kita ingkang tasih sanget prihatos ing mangsa punika, pagesangan saking samu kawis dereng saget pulih, sageta kita punika langkung ngatos atos mindak Allah ndawahaken bebendu ingkang langkung awrat.

Gumebyaring dunya mila sanget nyengsemaken, katah tiyang ingkang kesengsem lan kepincut, nanging mboten keconggah, ing mangka imanipun sanget ringkih, lajeng dados stress, wonten ugi ingkang lajeng nekat, nempuh dalan pintas, sing penting keturutan kekarepane, mboten peduli halal haram, wangun lan saru, leres lan lepat, awon lan sae, sing penting kasil katurutan.

Inggih tiyang mekaten ingkang sinebat dening Allah kawulane nafsu lan budake hawa, kados wonten ing dawuh :

أَفَرَءَيْتَ مَنِ اتَّخَذَ إِلَهَهُ هَوَاهُ وَأَضَلَّهُ اللهُ عَلَى عِلْمٍ وَخَتَمَ عَلَى سَمْعِهِ وَقَلْبِهِ وَجَعَلَ عَلَى بَصَرِهِ غِشَاوَةً فَمَن يَهْدِيهِ مِن بَعْدِ اللهِ أَفَلاَ تَذَكَّرُونَ

”Apa sira ora ngerti wong kang ngalap pangeran hawane (howo dadi sesembahan), Alloh nyasarake wong iku ingatase ilmune, pangrungu lan atine wis dipatri,  Alloh ndadekake tutup ing mpripate . Mulo sapa kang paring pituduh sak wuse Allah, apa sira kabeh ora padha eling”
(Q.S. Al-Jasyiyah : 23)

Kathah sanget tiyang amargi nuruti kekajengan hawa lajeng tumindak maksiyat, lajeng korupsi, lajeng ngapusi manipulasi, lajeng mboten ngangge aturan agami. Jalaran agami dianggep ngrepoti, Rasululloh nate paring pepenget :

يَأْتِى عَلَى النَّاسِ زَمَانٌ لاَ يُبَالِى الْمَرْءُ بِماَ
أَخَذَ الْمَالَ أَمْ مِنْ حَلاَلٍ أَمْ مِنْ حَرَامٍ

“Bakal teka marang manungsa sawijining mangsa , wong-wong ora padha merduleake barang kang di alap, apa halal apa haram”
(H.R. Bukhari)

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا أَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ وَالمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Khutbah kedua:

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ عَظِيْمِ الإِحْسَانِ وَاسِعِ الفَضْلِ وَالْجُوْدِ وَالاِمْتِنَانِ ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ ؛ صَلَّى اللهُ وَسَلَّمَ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ .

Kathah tiyang ingkang nyembah dhateng hawa lajeng mlenceng saking keleresan amargi piyambakipun dipun damel sasar dining Alloh kanthi ilmunipun, dagang nek ora ngapusi jare dudu pedagang, duwe jabatan nek ora korupsi jarene ora pinter, pinter nek ora ngapusi ora kondang  , wong golek rizqi halal jarene ora bakal hasil.

Piyambakipun ugi pun kunci pidanget lan manahipun, paningalanipun pun tutup mila piyambakipun mboten midhanget sambatipun tiyang sanes, manahipun sampun pejah, raos welas asih sampun ical, wontenipun namung mikir bathi lan rugi, mboten ngertos saru lan wangun, milik pribadi lan milik tiyang sanes,  manfaat menapa mlarati.

Punika wau sedayanipun inggih jalaran kiyatipun hawa nafsu ingkang ucul sak sampunipun diajar kanti shiyam sak wulan,lajeng dumugining riyaya lajeng ujan ujanan nuruti dateng sedaya pepinginan.

Mugi mugi kita tansah pikantuk petedah lan rahmatipun Allah saget ngendaleni dateng nafsu kagem nglajengaken perjuangan kita njejekaken pagesangan punika kanti ridlanipun Allah Ta'ala.

إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا، اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لَنَا وَلِوَالِدَيْنَا وَلِجَمِيْعِ المُسْلِمِيْنَ، اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا، وَعَافِنَا وَاعْفُ عَنَّا، وَارْزُقْنَا وَاجْبُرْنَا، وَارْفَعْنَا وَلَا تَضَعْنَا، وَأَكْرِمْنَا وَلَا تُهِنَّا
اَللَّهُمَّ انْصُرْنَا عَلَى مَنْ ظَلَمَنَا، اَللَّهُمَّ انْصُرْنَا عَلَى مَنْ عَادَانَا، اَللَّهُمَّ انْصُرْنَا عَلَى مَنْ بَغَى عَلَيْنَا، اَللَّهُمَّ لَا تُشْمِتْ بِنَا عَدْوًا وَلَا حَاسِدًا بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَاحِمِيْنَ.
وَصَلَّى اللهُ وَسَلَّمَ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ، وَآلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ.

0 komentar:

Posting Komentar