Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam bersabda,

إنَّ طُولَ صَلاَةِ الرَّجُلِ وَ قَصْرَ خُطْبَتِهِ مَئِنَّةٌ مِنْ فَقْهَهِ

“Sesungguhnya panjangnya shalat seseorang dan pendeknya khutbah merupakan tanda kedalaman fiqihnya.” (HR. Muslim)
TEMA BARU
Loading...
Tampilkan postingan dengan label Ramadhan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Ramadhan. Tampilkan semua postingan

إِنّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ  اَمَّا بَعدُ: 

Jama’ah ingkang minulyo,

Kaping sepindah monggo kita tansah ngaturaken puji dalasan syukur kito dumateng ngarso dalem Alloh subhanahu wa ta’ala inggih ingkang sampun paring limpahan nikmatipun dumateng kito sedoyo sahinggo ri kalenggahan dalu puniko kito seget makempal manunggal wonten masjid ingkang kito tresnani meniko saperlu nindakaken ibadah manembah dumateng Alloh. Saking shalat isya’, shalat tarawih, saha sholat witir sarto dilajengaken pangaosan. Mugi-mugi ibadah ingkang sampun kito tindakaken meniko dipun tampi Alloh dados amalan shalih ingkang saget berataken timbangan kesaenan sak mangke ing yaumul qiyamah.

Jama’ah shalat tarawih ingkang dipun rahmati Alloh,

Dari Abu Ayub Al Anshari radhiyallahu ‘anhu, dia berkata:

جَاءَ رَجُلٌ إِلَى النَّبِيِّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ فَقَالَ يَا رَسُولَ اللَّهِ عَلِّمْنِي وَأَوْجِزْ قَالَ إِذَا قُمْتَ فِي صَلَاتِكَ فَصَلِّ صَلَاةَ مُوَدِّعٍ وَلَا تَكَلَّمْ بِكَلَامٍ تَعْتَذِرُ مِنْهُ وَأَجْمِعْ الْيَأْسَ عَمَّا فِي أَيْدِي النَّاسِ

Tiyang kakung memoni Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam lajeng wicanten: “Ya Rasulullah. kula nyuwun wicanten ingkang ringkas.” 
Lajeng Rasululloh paring dawuh : 
1. yen kowe ngerjakne sholat, mula sholata kaya sholate wong sing arep perpisahan (donya). 
2. Aja ngomong karo siji ukara sing esoke kowe arep njaluk maaf amarga ucapan kuwi. lan 
3.Akehna rasa putus asa tumrap apa sing ditangan wong liya 

(Hasan. Dikeluarkan oleh Ahmad (5/412), Ibnu Majah(4171), Abu Nu’aim dalam Al Hilyah (1/462) Al Mizzi (19/347) dan Lihat Ash Shahihah (401)) 

Wasiat ingkang sepindah injih puniko Supados anggen kito nindakkaken shalat, dipun tindakaken kanti sempurna lan bertekad kiat kagem nindakaken sak sae saenipun. Tansah mahasabah diri saking sedoyo shalat ingkan kito tindak aken soho nyempurnakaken sedoyo kewajiban utawi sunnah-sunnah saklebetipun shalat. Lan ugi kanti saestu wonten ing manah bilih shalat kang dipun tindakaken meniko ngadep dumateng Alloh Rabb semesta alam. Tansah tunduk ing sedoyo posisi shalat kados, nalikanipun jumeneng takbiratul ihram, ruku’, sujud. 

Kanti manah ingkang khusyuk, semangat anggen nindakaken shalat, kito icalaken sedoyo pikiran-pikaran urusan dunia. Menawi taseh wonten pikiran urusan dunia kados pikiran facebook, chattingan wa, twitter meniko kito supekaken, kito icali supados kito saestu focus kagem shalat ngadep dumateng Alloh. Lan ugi kito anggep shalat ingkang kito tindakaken punika sholat tiyang ingkang badhe pejah utawi seolah-olah mboten badhe sholat malih sasampun punika (amargi wafat). 

Sampun kito pahami, bilih tiyang ingkang bade pejah mesti bakalan temen temen saestu berusaha mencurahkan sajangkep daya upaya supados shalatipun sempurna. Injih menawi kito saget nerapaken nalikanipun kito shalat, shalat kito bade khusyu’ lan membekas wonten ing manah. Shalat kados mekaten meniko dados pencegah saking akhlaq ingkan awon lan pendorong akhlak ingkang terpuji. Lan ugi nambahi iman, katentreman ing manah. Jamaah ingkang mugi tansah dipun mulyaken Alloh. 

Shalat gangsal wekdal meniko wajib kito tindakkaken ampun ngantos dipun tilaraken, lan ugi monggo saklebetipun kito shalat sunnah kados ingkang sampun kito lampahi wau inggi shalat tarawih, witir kito tindakkaen kanti manah ingkang khusyu’ sahinggo saget kados ingkang Rasulloh wasiateken kala wau. Nalikanipun kito shalat kito hayati lan kito tebihi sifat” cepet cepet ndang rampung”. Shalat kito tindakaken kanti tenang kados kados meniko shalat terakhir kito. Kito mboten mangertos punopo sakbibaripun meniko kito taseh sget ngibadah malih punopo mboten. Awit ajal meniko mboten wonten ingkang saget memprediksi kapan dumuginipun. 

Insyaa Alloh kito lajengaken malih ing sanes wekdal.

Mugi mugi kito sedoyodipun paring kesempatan kagem ningkataken kesaenan lan kito dadosaken ramadhan taun meniko awal saking perubahan dados tiyang ingkang langkung sae tinimbang tahun ingkang sampun kapengker.Aamiin

Damel ketupat tambahi santen
Menawi lepat kulo nyuwun pangapunten


Bersambung....
SEDEKAH ING WULAN RAMADHAN
 
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ يَاأَيّهَا النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ الّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَام َ إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا، أَمّا بَعْدُ ... 

فَأِنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ.

 

Para sederek jama'ah Jum'ah rahimakumullah,

Mangga kita samiya tansah  netepi taqwa dateng Allah, kanti taqwa ingkang sakestu sarana tansah nindakaken sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun , wonten ing swasana kados menapa kemawon, kapan mawon, lan wonten ing pundi kemawon,  nuju suka utawi berduka, kawontenan sulit utawi gampil, ing kawontenan sepen utawi rame , tansah netepana taqwa lan tha’at dateng Allah supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang  saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala, bade kabika keberkahan saking sedaya arah kalebat saking bumi lan langit, Allah mila sampun njanjekaken kanti dawuhipun :

وَلَوْ أَنَّ أَهْلَ الْقُرَى آمَنُوا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِم بَرَكَاتٍ مِّنَ السَّمَآءِ وَاْلأَرْضِ
"Sekirane penduduk negara iku pada iman lan taqwa, yekti mesti wae tak bukak barakah sangka langit lan bumi”. (Q.S. al-A'rof : 86). 

Para sederek kaum muslimin rahimakumullah……

Wulan Ramadhan sampun lumampah sak wetawis dinten, Ramadhan menika bebasan tamu ingkang rawuh dateng kita sedaya mbeta bebingah, barakah, faedah lan kesaenan kesaenan ingkang katah. Sampun sak mestinipun tumrap kita minangka tuan rumah ingkang nampi tamu menika, ngaturaken pakhurmatan ingkang laras kaliyan kamulyanipun tamu. Estunipun kagem ngurmati kamulyanipun wulan Suci Ramadhan punika kejawi ingkang wajib inggih Shiyam setunggal wulan, nanging prayogi kita nindakaken amaliyah amaliyah sunnah sanesipun kagem nggayuh kasampurnanipun ibadah shiyam kita. 

Mekaten ugi kita nyegah lan nilar sedaya lampah awon ingkang saget nacataken utawi nrgisakaken dateng ibadah kita. Ibadah sunat ingkang prayogi kita tindakaken katah sanget sami ugi ibadah ibadah mahdlah ingkang sesambetan kaliyan Allah, kadosta shalat shalat sunnat, tadarus Al Qur’an, ngatahaken dzikir lan do’a, I’tikaf lan sanes sanesipun. Menapa dene ibadah ingkang anggadahi dimensi sosial, kadosta silaturrahmi, melasi dateng sesami, tulung tinulung, ngatahaken shadaqah lan sanesipun. Punika sedaya sanget dipun anjuraken ing sak lebetipun wulan Ramadhan punika.

Para sederek kaum muslimin rahimakumullah……

Katahipun masyarakat kita wonten ing saklebetipun wulan Ramadhan punika sami ngedalaken shadaqah ingkang arupi tetedan, langkung langkung kagem mbukani sederek ingkang sami shiyam,  ingkang mekaten jumbuh kaliyan dawuh Nabi :

مَنْ فَطَّرَ صَائِمًا كَانَ لَهُ مِثْلُ أَجْرِهِمْ مِنْ غَيْرِ أَنْ يَنْقُصَ مِنْ أُجُورِهِمْ شَيْئًا

 “Sapa wonge menehi buka marang wong kang pasa , mulo deweke oleh ganjaran kaya ganjarane wong kang pasa mau, kanti tanpa ngurangi sitik wae  ganjarane wong kang pasa” (HR Tirmidzi, Ibnu Majah dan Darimi. Hadits meniko dishohihkan oleh Al-Albani)


Kautamaanipun ageng sanget menawi kita sedekah. Kados dawuhipun Rasululloh:


وَالصَّدَقَةُ تُطْفِئُ الْخَطِيئَةَ كَمَا يُطْفِئُ الْمَاءُ النَّارَ
Sedekah kuwi memadamkan dosa padha karo geni bisa dipadamke karo banyu

(HR. Tirmidzi no. 2616 dan Ibnu Majah no. 3973)

Sak rupi rupi pengadatan   punika    tetep lumampah sae ing masyarakat kita, sinaosa wonten ing kondisi  ekonomi sulit, amergi reregan kabetahan pokok sami mindak selangit, ananging umat Islam sami entheng lan ikhlash nindakaken dawuh menika. Pancen wonten pangandika ingkang sanget nggigah semangat ibadah  kita, bilih miderek setunggaling dawuh hadits swarga punika sanget branta lan kangen kaliyan tiyang werni sekawan. Salah setunggalipun inggih punika :
مطـعـم الـجـيـعـان
“Wong kang aweh pangan marang wong kang kaluwen”.

Kita maklum bilih saben sonten menjelang buka katah umat Islam sami kempal ing papan papan tertentu, kadosta wonten ing masjid, mushalla, langgar lan papan papan sanes, sedaya sami shiyam, kangge nengga dumuginipun wekdal buka sami kempal ngawontenaken majlis ilmi utawi pengaosan, tentu kemawon majlis menika kempalipun tiyang ingkang sami luwe. Mila pengadatan lajeng kanti gilir gumantos saben dinten wonten kemawon ingkang maringaken shadakah kangge mbukani sederek ingkang sami kempal nandang luwe punika. 

Kebiasaan mekaten sampun mbalung sungsum tumrap masyarakat kita amergi   yakin sanget bilih banda ingkang dipun ginakaken kagem shadaqah punika tentu bade dipun gantos dening Allah kanti tikel matikel. Jalaran Allah mila sampun paring dawuh :

وَمَا أَنْفَقْتُمْ مِنْ شَيْءٍ فَهُوَ يُخْلِفُهُ ۖ وَهُوَ خَيْرُ الرَّازِقِينَ
“Lan apa wae kang sira infaqake saka bandamu, mangka Allah mesti bakal ngganti, Lan Allah iku Dzat Kang luwih becik becike kang paring rizki” (QS. Saba’ : 39).

أقول قو لي هذا واستغفروا الله لي و لكم إنه هو الغفور الرحيم.

Khutbah 2
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

Para sederek kaum muslimin rahimakumullah……
Wusananipun kita sami nyuwun dateng ngarsa dalem Allah Ta’ala, mugi mugi sedaya amal ibadah kita tinampia ing ngarsanipun Allah pikantuka lelintu ganjaran saha karidlan saking ngarsa dalem Allah Ta’ala. Pinaringana kekiyatan dhohiron wa bathinan, saget nindakaken kwajiban shiyam  kita ngantos dumugi paripurnanipun wulan punika  kanti sabar, ikhlas lan ridla. Wekasan pinaringana khusnul khatimah. Amiin.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
 اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ. 
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا فَاغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَكَفِّرْعَنَّا سَيِّئَاتِنَا وَتَوَفَّنَا مَعَ اْلأَبْرَارِ. رَبَّنَا لاَ تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَّسِيْنَا أَوْ أَخْطَأْنَا، رَبَّنَا وَلاَ تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِيْنَ مِن قَبْلِنَا، رَبَّنَا وَلاَ تُحَمِّلْنَا مَالاَ طَاقَةَ لَنَا بِهِ، وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنتَ مَوْلاَنَا فَانصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ


رَبِّ اجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا وَاجْنُبْنَا وَبَنِيْنَا أَن نَّعْبُدَ الأَصْنَامَ


رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
إِنّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ  اَمَّا بَعدُ:
Jama’ah ingkang minulyo,

Kaping sepindah monggo kita tansah ngaturaken puji dalasan syukur kito dumateng ngarso dalem Alloh subhanahu wa ta’ala inggih ingkang sampun paring limpahan nikmatipun dumateng kito sedoyo sahinggo ri kalenggahan dalu puniko kito seget makempal manunggal wonten masjid ingkang kito tresnani meniko saperlu nindakaken ibadah manembah dumateng Alloh. Saking shalat isya’, shalat tarawih, saha sholat witir sarto dilajengaken pangaosan. Mugi-mugi ibadah ingkang sampun kito tindakaken meniko dipun tampi Alloh dados amalan shalih ingkang saget berataken timbangan kesaenan sak mangke ing yaumul qiyamah.

Jama’ah shalat tarawih ingkang dipun rahmati Alloh,

Alhamdulillah kito saget manggihi malih wulan ingkang kito tenggo-tenggo, wulan ingkang penuh berkah wulan ingkang dipun lipat gandakaken pahala.

Wulan ramadhan wulan ingkang katah keutamanipun, ing mriki kaulo badi ngaturaken sekedik babakan keutamaan-keutamaanipun Ramadhan:

1.      Ramadhan inggih wulan dipun turunaken Al Quran. Kados firmanipun Alloh ingkang artosipun kirang langkung mekaten:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
“ (Beberapa hari yang ditentukan itu ialah) bulan Ramadhan, bulan yang di dalamnya diturunkan (permulaan) Al Quran sebagai petunjuk bagi manusia dan penjelasan-penjelasan mengenai petunjuk itu dan pembeda (antara yang hak dan yang bathil).” QS. Al Baqarah:185

2.      Setan setan dipun belenggu, pintu-pintu neraka dipun tutup lan pintu-pintu suwargo dipun bikak nalikanipun ramadhan.

Rasululloh shallallohu’alaihi wasallam paring sabda:

إِذَا جَاءَ رَمَضَانُ فُتِحَتْ أَبْوابُ الْجَنَّةِ وَ غُلِقَتْ اَبْوَابُ النَّرِ وَ صُفِّدَتِ الشَّيَاطِيْنُ
“ nalikane ramadhan pintu-pintu surge dibukak, pintu-pintu neroko ditutup, lan setan-setan dibelenggu. HR. Bukhari

3.      Saklebetipun wulan ramadhan wonten salah satunggaling malam ingkan langkung sae menawi dipun bandengaken kalian 1000 wulan.

Kados wonten ing surat Al-Qadr ayat 1-3:

4.      wulan ramadhan kalebet salah satunggaling wekdal ingkang dipun ijabahi dongo panyuwunan.

Rasululloh paring sabda:
ثَلَاثَتٌ لَا تُرَدُّ دَعْوَتُهُمْ الصَّائِمُ  حَتَّى يُفْطِرَ  وَ الإِمَامُ الْعَادِلُ وَدَعْوَةُالْمَظْلُوْمِ
Hadits riwayat At Tirmidzi meniko nedahaken bilih wonten tigang golongan ingkang mboten tertolak doa panyuwunanipun  inggih meniko tiang ingkang siyam ngantos buko, imam ingkang adil lan tiang ingkang dipun zhalimi.

Meniko sekedik ingkang saget kulo aturaken babakan keutamaanipu ramadhan, taksih katah malih ingkang mboten seget kaulo aturaken ing mriki. Mugi-mugi kito sedoyo saget nindakaken ibadah ing ramadhan tahun meniko ngantos paripurno sahinggo sakmangke seget dados pribadi ingkang langkung bertaqwa.

Damel ketupat tambahi santen
Menawi lepat kulo nyuwun pangapunten


KEUTAMAAN SIYAM
إِنّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ  اَمَّا بَعدُ:

Jama’ah ingkah tansah minulyo,


Kaping sepindah monggo kita tansah ngaturaken puji dalasan syukur kito dumateng ngarso dalem Alloh subhanahu wa ta’ala inggih ingkang sampun paring limpahan nikmatipun dumateng kito sedoyo sahinggo ri kalenggahan dalu puniko kito seget makempal manunggal wonten masjid ingkang kito tresnani meniko saperlu nindakaken ibadah manembah dumateng Alloh. Saking shalat isya’, shalat tarawih, saha sholat witir sarto dilajengaken pangaosan. Mugi-mugi ibadah ingkang sampun kito tindakaken meniko dipun tampi Alloh dados amalan shalih ingkang saget berataken timbangan kesaenan sak mangke ing yaumul qiyamah.

Jama’ah rahimanii warahimakumulloh,

Nalikanipun kito nindakkaen salah satunggaling pedamelan mestinipun kito gadahi tujuan, lan saklebetipun kito nindakaken pedamelan kolo wau terkadang kito ngraosaken futur, males/mboten semangat. Sahinggo kito betahaken motivasi supados anggenipun kito nindakaken pedamelan kolo wau  saget kanti  raos semangat lan akhiripun tujuan kito saget kawujud. Meniko babakan pedamelan, menawi saklebetipun kito nindakaken pedamelan kemawon betahaken motivasi ingkang nuwuhaken semangat punopo maleh sak lebetipun kito nindakaken ibadah siyam langkung betahaken motivasi nindakaken ngibadah siyam. Sahinggo kito nindakaken siyam kanti saestu/tenanan.
Lajeng ing mriki kanti punopo supados kito termotivasi semangat anggen kito siyam?

Ing antaranipun kanti kito mangertosi keutamaan-keutamaanipun siyam.
Keutamaan-keutamaan siyam inggih puniko:

1.      Siyam meniko dados penghalang saking sekso neroko

Rasululloh paring sabda:
إِنَّمَا الصِّيَامُ جُنَّةٌ يَستَجِنُّ بِهَا العَبدُ مِنَ النَّارِ
“ poso iku perisai kang nglindungi salah sawijine hamba soko geni neroko.” HR.Ahmad

2.      Siyam bade paring syafa’at dumateng tiyang ingkang nindakaken

Wonten salah satunggaling hadits dipun sebataken:
الصِّيَامُ وَ القُرانُ يَشفَعَانِ لِلعَبدِ يَومَ القِيَامَةِ
“ poso lan Al-Quran iku pemberi syafa’at marang salah sawijine hamba ing dino kiamat.”

3.      Sinten ingkang nindakaken siyam bade pinaringan ampunan saking dosa-dosanipun

مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيْمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَلَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ
“ Sopo wonge kang poso ramadhan kanti iman lan ngarepake pahala soko Alloh, dosa-dosane ing masa lalu mesti bakal diampuni.” HR.Bukhari
Hadits meniko nyebataken bilih sinten ingkang nindakaken siyam ramadhan bakal dipun ampuni dosa-dosa ingkang kapengker. Ananging kedah kalandasan iman ingkang manteb lan ikhlash karana Alloh saklebetipun nindakaken siyam. Dene ingkang dipun maksud dosa ing mriki inggih puniko dosa-dosa alit. Menawi dosa-dosa ageng meniko mbetahaken taubatan nasuhah, taubat kanti saestu mboten mangsuli malih nindakaken dosa ageng ingkang sampun terlanjur.
Meniko bapak ibu jama’ah ingkang minulyo sekedik ingkang saget kaulo aturaken babakan keutamaan saking siyam ramadhan.

Mugi-mugi siyam ingkang kito tindakaken kalandasan kanti iman lan ikhlash karanana Alloh, pinaringan kekiatan lan tansah semangat kagem nindakaken amal shalih ngantos dumuginipun ajal. Amiin

dodol kupat nang pinggir segoro
Yen ono lepat, kulo nyuwun ngapuro

  Siyam Ramadhan

(khutbah basa jawa)


إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ إِلَيْهِ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ؛ إِلَهُ الأَوَّلِيْنَ وَالآخِرِيْنَ وَقُيُوْمُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِيْنَ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ وَأَمِيْنُهُ عَلَى وَحْيِهِ؛ بَلَّغَ الرِسَالَةَ وَأَدَّى الأَمَانَةَ وَنَصَحَ الأُمَّةَ وَجَاهَدَ فِي اللهِ حَقَّ جِهَادِهِ حَتَّى أَتَاهُ اليَقِيْنُ، فَصَلَوَاتُ اللهِ وَسَلَامُهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ.
أَمَّا بَعْدُ عِبَادَ اللهِ مَعَاشِرَ المُؤْمِنِيْنَ:
اِتَّقُوْا اللهَ تَعَالَى ؛ فَإِنَّ مَنِ اتَّقَى اللهَ وَقَاهُ وَأَرْشَدَهُ إِلَى خَيْرٍ أُمُوْرٍ دِيْنُهُ وَدُنْيَاهُ


Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya
Mangga tansah sami netepi taqwa lan taat dateng Allah, wonten ing pundi kemawon kawontenan kita , kawontenan rame utawi sepi, terang terangan utawi rahasia,  kanthi tansah  nindakaken sedaya perintah lan nebihi sedaya cegah, nindakaken sedaya dawuh lan nebihi sedaya pepacuh, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugrahan,  saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala ,  Amiin.
Ampun ngantos kita pejah kejawi tetep minangka Muslim ingkang taqwa.  Jalaran inggih namung kanthi taqwa kita sedaya badhe saged nggayuh kabegjan wiwit dunya punika ngantos mbenjang wonten ing akhirat Mekaten ugi taqwa punika ngrupeaken perkawis ingkang saget ndorong dateng kesaenan ingkang rosa.  Lan saget minangka rem ingkang saged mekak saking mblandhanging pendamel awon lan lampah dosa. Ringkesipun namung kanti iman lan taqwa kita bade kaparingan rahmat lan kawilujengan saking ngarsa dalem Allah Ta’ala .
 
Kita mila manungsa limrah, titah sawantah, ingkang kongang khilaf lan salah, mekaten ugi kita kadang dumawah ing pendamel awon, nanging nalika sampun kadung tumindak awon, enggal enggala dipun tututi kanti pendamel sae, jalaran kesaenan menika saget nglebur lan mbusek pendamel awon, mekaten wau menggah kersanipun dawuh hadits. Tindakan mekaten supados iman kita punika tansah kareksa, ampun ngantos risak jalaran kedlarungipun pendamel awon saha mboten enggal dipun sadari lan dipun tututi kanti amal sae. 
 
Para sederek kaum Muslimin Rahimakumullah,
Miturut dawuh Al Qur’an  perwaca bilih hikmah ingkang paling utami shiyam punika supados kita langkung taqwa dumateng ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala.


يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
Hai wong-wong kang beriman, diwajibake tumrap siro kabeh poso kang wus diwajibake tumrap wong kang sakdurunge siro, supoyo siro bertaqwa. (Al-Baqarah 183)

 Pramila kita ingkang sampun biasa nindakaken shiyam saben wulan Ramadlan punika ampun ngantos shiyam kita sekedar ngampet dahar lan ngunjuk ing wedal rinten kemawon , ananging kedah saget nuwuh aken hikmah inggih tambahipun taqwa kita dateng Allah Subhanahu wa Ta’ala
 
Jalaran mila kasunyatan mboten sekedik tiyang nindakaken shiyam ananging mboten saget nggayuh hikmahipun shiyam sahengga tiyang wau kanti shiyamipun namung pikantuk ngelak lan luwe , kados dawuhipun Kanjeng Nabi
رُبَّ  صَـائِـم  لَـيْـسَ مِنْ صِيَامِـهِ  اِلَّا الـجُـوْع  وَالْـعِطْش
“ Pirang pirang wong kang pasa , kang saka pasane ora oleh apa apa kejaba    mung    ngelak lan luwe  (HR. An Nasai, Ibn Majjah  lan Al Hakim).
 
Para sederek kaum Muslimin Rahimakumullah,
Mila shiyam punika mboten namung sekedar ngampet ngelak lan luwe, ananging ugi ngrupekaken didikan jasmani lan ruhani lan budi pakerti. Kanti shiyam kita kedah nglatih diri sabar, lan nahan diri kangge nilaraken samukawis kaenakan ingkang katah mengku doso ingkang dados kacenderungan saha panyengkuyung hawa nafsu. 
 
Pramila shiyam kita ampun ngantos namung nahan lisan menika saking perkawis ingkang lumebet, nanging kasunyatan ingkang langkung awrat mila njagi lisan saking perkawis ingkang medal saking lisan, inggih wijiling pangandikan ingkang kaprahipun gampil dumawah dateng perkawis ingkang nerak lan nerjang dateng pranatan syari’at agami.
 
Hikmah sanes, shiyam Ramadlan mengku didikan supados kita ningkataken kumawula kita kanti amal ibadah saha amal sosial , kerana saklebetipun wulan Ramadlan kita mboten namung shiyam ing wanci rintenipun , ananging ugi ngatah ngatahaken ibadah kados shalat tarawih dalunipun, tadarus Al Qur’an, giyatipun pengaosan pengaosan, mekaten ugi amal amal sosial, kados ngatahaken shadaqah, silaturrahim, bektos dateng tiyang sepuh , welas asih dateng sederek lan sanes sanesipun, ingkang sedaya kala wau saget kita raosaken, sanget meningkat katimbang wekdal sanesipun wulan Ramadlan. 
 
Kanti tembung sanes bilih shiyam saget nyuburaken semangat ibadah, sae ingkang asifat sesambetan kaliyan Allah, utawi ingkang asifat sosial, sesambetan dateng sesamining makhluq langkung langkung sesami umat Islam.
Para sederek kaum Muslimin Rahimakumullah,
Ewa semanten, kok umpami wonten sederek kita ingkang sakit, lajeng dipun nashehati dokter kedah dahar obat saben wekdal tertentu, ingkang mboten mungkin tumrap piyambak ipun nindakaken shiyam. Mekaten ugi saranipun mboten kenging shiyam supados enggal mantun sakitipun, Ingkang mekaten menika agami kita maringaken kalonggaran, mangga mboten usah shiyam .
 
Allah ugi maringaken kemirahan tumrap tiyang ingkang mboten anggadahi kemampuan siyam amergi sakit utawi nuju kesahan. Kanti dawuhipun ;
فَـمَـنْ كَانَ مِنْكُـمْ مَـرِيْـضًــا أَوْ عَلَى سَـفَرٍ فَعِـدَّةٌ  مِنْ أَيَـامٍ  اُخَرٍ
“Mangka sing sapa wonge sangka sira kabeh iku nuju lara, utawa lelungan, nuli ora pasa, mangka wilangane ora pasa dilakoni ing dina dina kang liya”  ( QS. Al Baqarah : 185 )
 
Para sederek kaum Muslimin Rahimakumullah,
Supados shiyam kita saget ngasilaken pahala kito kedah mangertosi punopo ingkang dados sebab utawi syarat angsal pahala.inggih puniko Syarat angsal pahala puasa: Di antara syaratipun: supados berbuka puasa kanti dahar tedoi ngkang halal. Menawi berbuka kanti daharan ingkang haram panyunwunanipun bakal mboten dipun ijabahi.
 
Tiyang ingkang siyam kedah berjihad, artosipun bilih tiyang mu’min ing wulan ramadhan nglampahi kaleh jihad, inggih puniko:
1. Jihad kangge diri pribadi ing wekdal siang hari kanti nindakkaken puasa.
2. Jihad ing wekdal dalu kanti nindakaken shalat malam.
 
Sinten ingkan madukaken kalih jihad kolo wau pramilo netepi hak-hakipun lan sabar. Niscaya dipun paringi pahala kan mboten kewates.
Akhiripun Mangga kita upayaaken amrih siyam kita punika langkung bermakna, saha ngasilaken hikmah hikmah ingkang katah tumrap kita sedaya,  saha tinampi wonten ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
أقول قولي هذا واستغفر الله العظيم لي ولكم ولسائر المسلمين والمسلمات والمؤمنين والمؤمنات فاستغفروه إنه هو الغفور الرحيم..
 
KHUTBAH 2
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
ing khutbah kaping kalih meniko monggo kito nyuwun dumateng Allah mugi kito saget nindakaken ketaatan ibadah ing wulan ramadhan ngantos akhir, amiin
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ. يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا 
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ  وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ  وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ
  إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ 
وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
   
اللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيْنَنَا الَّذِي هُوَ عِصْمَةُ  أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَا الَّتِي فِيْهَا مَعَاشُنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِيْ إِلَيْهَا مَعَادُنُا
وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلّ خَيْرٍ وَالْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ اللَّهُمَّ تَقَبَّلْ مِنَّا صِيَامَنَا وَقِيَامَنَا وَأَعِدْ عَلَيْنَا مِنْ بَرَكَاتِ هَذَا الْيَوْمِ

رَبِّ اجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا وَاجْنُبْنَا وَبَنِيْنَا أَن نَّعْبُدَ الأَصْنَامَ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

KHUTBAH JUMAT BASA JAWA

NGADEPI WULAN RAMADHAN


إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ يَاأَيّهَا النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ الّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَام َ إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا، أَمّا بَعْدُ ... فَأِنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ.
Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Mangga tansah sami netepi taqwa lan taat dateng Allah, wonten ing pundi kemawon kawontenan kita , kawontenan rame utawi sepi, terang terangan utawi rahasia, kanthi tansah nindakaken sedaya perintah lan nebihi sedaya cegah, nindakaken sedaya dawuh lan nebihi sedaya pepacuh, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugrahan, saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala ,

Ampun ngantos kita pejah kejawi tetep minangka Muslim ingkang taqwa. Jalaran inggih namung kanthi taqwa kita sedaya badhe saged nggayuh kabegjan wiwit dunya punika ngantos mbenjang wonten ing akhirat Mekaten ugi taqwa punika ngrupeaken perkawis ingkang saget ndorong dateng kesaenan ingkang rosa. Lan saget minangka rem ingkang saged mekak saking mblandhanging pendamel awon lan lampah dosa.

Ringkesipun namung kanti iman lan taqwa kita bade kaparingan rahmat lan kawilujengan saking ngarsa dalem Allah Ta’ala . Kita mila manungsa limrah, titah sawantah, ingkang kongang khilaf lan salah, mekaten ugi kita kadang dumawah ing pendamel awon, nanging nalika sampun kadung tumindak awon, enggal enggala dipun tututi kanti pendamel sae, jalaran kesaenan menika saget nglebur lan mbusek pendamel awon, mekaten wau menggah kersanipun dawuh hadits. Tindakan mekaten supados iman kita punika tansah kareksa, ampun ngantos risak jalaran kedlarungipun pendamel awon saha mboten enggal dipun sadari lan dipun tututi kanti amal sae.

Jama’ah ingkang minulyo,
Sekedap malih kito bade manggihi tamu ingkang agung, punopo kito sampun siap kangge nyambut tamu agung kolo wau? Saget kemawon Ramadhan ing tahun niki dados Ramadhan pungkasan kito sak derengipun sowan dateng Allah subhanahu wata’ala..

Sampun katah tiang ing tahun kapengker taksih sesarengan nindakaken siam, shalat tarawih, lan idull fitri kalian kito, ananging ing wekdal meniko sampun ninggalaken kito.

Saklebetipu wulan Ramadhan Rasululloh paring gambaran kondisi kalih golongan ingkang saling tolak belakang kondisiipun ing dalem nindakaken siyam lan manfaataken wulan ramadhan.

Golongan kaping sepindah inggih puniko :
Golongan ingkang pinaringan ampunan dosa ingkang sampun katindakaken.
Kados sabda nipun Rasululloh:
“Barang siapa yang berpuasa Ramadhan dengan penuh keimanan dan mengharapkan pahala, maka akan dosanya yang telah lalu akan diampuni.” (HR. Bukhari dan Muslim)

Golongan ingkang sepindah
inggih puniko golongan tiyang ingkan nindakkaken siyam Ramadhan kanti penuh iman, ikhlash karana Allah lan ngarep pahala saking Allah tiyang ingkang mekaten bade dipun ampuni dosa ingkang sampun kapengker.

Saking hadits kolo wau kito bade mangertosi bilih supados kito angsal ampunan saking Allah kanti siyam ramadhan wonten kalih syarat:
a. Ngimani kanti yakin lan leres babakan kewajiban siyam, kito yakindateng pahala ingkang sampun Allah janjikaken,

b. Mengharap pahala ing sisinipun Allah ta’ala, ikhlash anggenipun kito siyam mboten karana Riya’(pengen dipuji) Bentuk dosa ingkang bade dipun ampuni kados hadits kolo wau inggih puniko dosa ingkang alit, dene dosa ingkang ageng mbetahaken taubatan nasuhah.

Sabda Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam,

 الصَّلَوَاتُ الْخَمْسُ وَالْجُمُعَةُ إلَى الْجُمُعَةِ وَرَمَضَانُ إلَى رَمَضَانَ مُكَفِّرَاتٌ لِمَا بَيْنَهُنَّ إذَا اُجْتُنِبَتْ الْكَبَائِرُ 

“Di antara shalat lima waktu, di antara Jum’at yang satu dan Jum’at yang berikutnya, di antara Ramadhan yang satu dan Ramadhan yang berikutnya, akan mengampuni dosa-dosa di antara kedunya asalkan dosa-dosa besar dijauhi.”

Golongan kaping kalih
inggih puniko golongan tiyang ingkah sia-sia amalanipun


 عَنْ أَبِى هُرَيْرَةَ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ -صلى الله عليه وسلم- 
« رُبَّ صَائِمٍ حَظُّهُ مِنْ صِيَامِهِ الْجُوعُ وَالْعَطَشُ وَرُبَّ قَائِمٍ حَظُّهُ مِنْ قِيَامِهِ السَّهَرُ »

Artinya: “Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu berkata: “Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam bersabda: “Berapa banyak seorang yang berpuasa bagiannya dari puasanya hanya lapar dan dahaga, dan berapa banyak seorang yang beribadah di malam bagiannya dari puasanya hanya begadang.” HR. Ahmad.

Golongan kaping kalih dipun kabaraken Rasululloh bilih tiyang ingkang sia-sia anggenipun siyam lan amung angsal dahaga lan lapar kemawon. Punopo sebabipun? Ing antawisipun - perkataan Dusta

“Barangsiapa tidak meninggalkan perkataandan perbuatan dusta maka Allah tidak butuh dengan puasanya.” 
(HR. Al Bukhari). 

Kalebet ugi :Remen damel memengsahan dateng tiyang sanes,Remen adu domba lan nyebaraken fitnah,Mboten nebihi perkawis igkang awon lan sia-sia - Perkataan Lagwu (sia-sia) lan rofats (kata-kata porno)

"Puasa bukanlah hanya menahan makan dan minum saja. Akan tetapi, puasa adalah dengan menahan diri dari perkataan lagwu dan rofats. Apabila ada seseorang yang mencelamu atau berbuat usil padamu, katakanlah padanya, “Aku sedang puasa, aku sedang puasa”.” 
 (HR. Ibnu Majah dan Hakim) 

- Sodoyo bentuk maksiat


Jamaah ingkang minulyo, 
Saklajengipun bade kalebet dumateng golongan pundi pribadi kito? sedoyo wau tergantung usaha kito lan taufik saking Allah ta’ala.

Bulan Ramadhan ngrupekaken momentum agung kangge berlomba-lomba nindakkaken kesaenan.sahinggo ampun ngantos kito siak-siaken wekdal kito ing wulan ramadhan. Lan mugi-mugi kito kalebet golongan ingkan dipun gampelaken Allah kagem nindakaken ibadah ketaatan lan dipun tampi ing sisinipun Allah.


أقول قولي هذا واستغفر الله العظيم لي ولكم ولسائر المسلمين والمسلمات والمؤمنين والمؤمنات فاستغفروه إنه هو الغفور الرحيم.. 

KHUTBAH 2

 إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

ing khutbah kaping kalih meniko monggo kito nyuwun dumateng Allah mugi kito saget nindakaken ketaatan ibadah ing wulan ramadhan ngantos akhir, amiin

 إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ. يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ اللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيْنَنَا الَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَا الَّتِي فِيْهَا مَعَاشُنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِيْ إِلَيْهَا مَعَادُنُا وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلّ خَيْرٍ وَالْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ اللَّهُمَّ تَقَبَّلْ مِنَّا صِيَامَنَا وَقِيَامَنَا وَأَعِدْ عَلَيْنَا مِنْ بَرَكَاتِ هَذَا الْيَوْمِ رَبِّ اجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا وَاجْنُبْنَا وَبَنِيْنَا أَن نَّعْبُدَ الأَصْنَامَ رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ