إِنّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اَمَّا بَعدُ:
Jama’ah ingkang minulyo,
Kaping sepindah monggo kita tansah ngaturaken puji dalasan syukur kito dumateng ngarso dalem Alloh subhanahu wa ta’ala inggih ingkang sampun paring limpahan nikmatipun dumateng kito sedoyo sahinggo ri kalenggahan dalu puniko kito seget makempal manunggal wonten masjid ingkang kito tresnani meniko saperlu nindakaken ibadah manembah dumateng Alloh. Saking shalat isya’, shalat tarawih, saha sholat witir sarto dilajengaken pangaosan. Mugi-mugi ibadah ingkang sampun kito tindakaken meniko dipun tampi Alloh dados amalan shalih ingkang saget berataken timbangan kesaenan sak mangke ing yaumul qiyamah.
Jama’ah shalat tarawih ingkang dipun rahmati Alloh,
Dari Abu Ayub Al Anshari radhiyallahu ‘anhu, dia berkata:
جَاءَ
رَجُلٌ إِلَى النَّبِيِّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ فَقَالَ يَا
رَسُولَ اللَّهِ عَلِّمْنِي وَأَوْجِزْ قَالَ إِذَا قُمْتَ فِي صَلَاتِكَ
فَصَلِّ صَلَاةَ مُوَدِّعٍ وَلَا تَكَلَّمْ بِكَلَامٍ تَعْتَذِرُ مِنْهُ
وَأَجْمِعْ الْيَأْسَ عَمَّا فِي أَيْدِي النَّاسِ
Tiyang kakung memoni Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam lajeng wicanten: “Ya Rasulullah. kula nyuwun wicanten ingkang ringkas.”
Lajeng Rasululloh paring dawuh :
1. yen kowe ngerjakne sholat, mula sholata kaya sholate wong sing arep perpisahan (donya).
2. Aja ngomong karo siji ukara sing esoke kowe arep njaluk maaf amarga ucapan kuwi. lan
3.Akehna rasa putus asa tumrap apa sing ditangan wong liya
(Hasan.
Dikeluarkan oleh Ahmad (5/412), Ibnu Majah(4171), Abu Nu’aim dalam Al
Hilyah (1/462) Al Mizzi (19/347) dan Lihat Ash Shahihah (401))
Wasiat
ingkang sepindah injih puniko
Supados anggen kito nindakkaken shalat, dipun tindakaken kanti sempurna
lan bertekad kiat kagem nindakaken sak sae saenipun. Tansah mahasabah
diri saking sedoyo shalat ingkan kito tindak aken soho nyempurnakaken
sedoyo kewajiban utawi sunnah-sunnah saklebetipun shalat.
Lan ugi kanti saestu wonten ing manah bilih shalat kang dipun tindakaken
meniko ngadep dumateng Alloh Rabb semesta alam. Tansah tunduk ing
sedoyo posisi shalat kados, nalikanipun jumeneng takbiratul ihram,
ruku’, sujud.
Kanti
manah ingkang khusyuk, semangat anggen nindakaken shalat, kito
icalaken sedoyo pikiran-pikaran urusan dunia. Menawi taseh wonten
pikiran urusan dunia kados pikiran facebook, chattingan wa, twitter
meniko kito supekaken, kito icali supados kito saestu focus kagem shalat
ngadep dumateng Alloh. Lan ugi kito anggep shalat ingkang kito
tindakaken punika sholat tiyang ingkang badhe pejah utawi seolah-olah
mboten badhe sholat malih sasampun punika (amargi wafat).
Sampun
kito pahami, bilih tiyang ingkang bade pejah mesti bakalan temen temen
saestu berusaha mencurahkan sajangkep daya upaya supados shalatipun
sempurna. Injih menawi kito saget nerapaken nalikanipun kito shalat,
shalat kito bade khusyu’ lan membekas wonten ing manah.
Shalat kados mekaten meniko dados pencegah saking akhlaq ingkan awon lan
pendorong akhlak ingkang terpuji. Lan ugi nambahi iman, katentreman
ing manah.
Jamaah ingkang mugi tansah dipun mulyaken Alloh.
Shalat
gangsal wekdal meniko wajib kito tindakkaken ampun ngantos dipun
tilaraken, lan ugi monggo saklebetipun kito shalat sunnah kados ingkang
sampun kito lampahi wau inggi shalat tarawih, witir kito tindakkaen
kanti manah ingkang khusyu’ sahinggo saget kados ingkang Rasulloh
wasiateken kala wau. Nalikanipun kito shalat kito hayati lan kito tebihi
sifat” cepet cepet ndang rampung”. Shalat kito tindakaken kanti tenang
kados kados meniko shalat terakhir kito. Kito mboten mangertos punopo
sakbibaripun meniko kito taseh sget ngibadah malih punopo mboten. Awit
ajal meniko mboten wonten ingkang saget memprediksi kapan dumuginipun.
Insyaa Alloh kito lajengaken malih ing sanes wekdal.
Mugi
mugi kito sedoyodipun paring kesempatan kagem ningkataken kesaenan lan
kito dadosaken ramadhan taun meniko awal saking perubahan dados tiyang
ingkang langkung sae tinimbang tahun ingkang sampun kapengker.Aamiin
Damel ketupat tambahi santen
Menawi lepat kulo nyuwun pangapunten
Menawi lepat kulo nyuwun pangapunten
Bersambung....
0 komentar:
Posting Komentar