SEDEKAH ING WULAN RAMADHAN
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ
أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ
لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ
اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ يَاأَيّهَا
الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ
وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ يَاأَيّهَا النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ الّذِي
خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ
مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي
تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَام َ إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا
يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً
سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ
وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا، أَمّا
بَعْدُ ...
فَأِنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ.
Para sederek jama'ah Jum'ah rahimakumullah,
Mangga kita samiya tansah
netepi taqwa dateng Allah, kanti taqwa ingkang sakestu sarana tansah
nindakaken sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar lan nebihi sedaya
cegah lan awisanipun , wonten ing swasana kados menapa kemawon, kapan mawon,
lan wonten ing pundi kemawon, nuju suka
utawi berduka, kawontenan sulit utawi gampil, ing kawontenan sepen utawi rame ,
tansah netepana taqwa lan tha’at dateng Allah supados kita tansah pikantuk
rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang
saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala, bade kabika keberkahan saking sedaya
arah kalebat saking bumi lan langit, Allah mila sampun njanjekaken kanti
dawuhipun :
وَلَوْ أَنَّ أَهْلَ الْقُرَى آمَنُوا وَاتَّقَوْا
لَفَتَحْنَا عَلَيْهِم بَرَكَاتٍ مِّنَ السَّمَآءِ وَاْلأَرْضِ
"Sekirane penduduk negara iku pada iman lan taqwa,
yekti mesti wae tak bukak barakah sangka langit lan bumi”. (Q.S. al-A'rof : 86).
Para sederek kaum muslimin rahimakumullah……
Wulan Ramadhan sampun lumampah sak wetawis dinten, Ramadhan menika bebasan
tamu ingkang rawuh dateng kita sedaya mbeta bebingah, barakah, faedah lan
kesaenan kesaenan ingkang katah. Sampun sak mestinipun tumrap kita minangka
tuan rumah ingkang nampi tamu menika, ngaturaken pakhurmatan ingkang laras
kaliyan kamulyanipun tamu. Estunipun kagem ngurmati kamulyanipun wulan Suci
Ramadhan punika kejawi ingkang wajib inggih Shiyam setunggal wulan, nanging
prayogi kita nindakaken amaliyah amaliyah sunnah sanesipun kagem nggayuh
kasampurnanipun ibadah shiyam kita.
Mekaten ugi kita nyegah lan nilar sedaya
lampah awon ingkang saget nacataken utawi nrgisakaken dateng ibadah kita.
Ibadah sunat ingkang prayogi kita tindakaken katah sanget sami ugi ibadah
ibadah mahdlah ingkang sesambetan kaliyan Allah, kadosta shalat shalat sunnat,
tadarus Al Qur’an, ngatahaken dzikir lan do’a, I’tikaf lan sanes sanesipun.
Menapa dene ibadah ingkang anggadahi dimensi sosial, kadosta silaturrahmi,
melasi dateng sesami, tulung tinulung, ngatahaken shadaqah lan sanesipun.
Punika sedaya sanget dipun anjuraken ing sak lebetipun wulan Ramadhan punika.
Para sederek kaum muslimin rahimakumullah……
Katahipun masyarakat kita wonten ing saklebetipun wulan
Ramadhan punika sami ngedalaken shadaqah ingkang arupi tetedan, langkung
langkung kagem mbukani sederek ingkang sami shiyam, ingkang mekaten jumbuh kaliyan dawuh Nabi :
مَنْ فَطَّرَ صَائِمًا كَانَ لَهُ مِثْلُ
أَجْرِهِمْ مِنْ غَيْرِ أَنْ يَنْقُصَ مِنْ أُجُورِهِمْ شَيْئًا
“Sapa wonge menehi
buka marang wong kang pasa , mulo deweke oleh ganjaran kaya ganjarane wong kang
pasa mau, kanti tanpa ngurangi sitik wae ganjarane wong kang pasa” (HR Tirmidzi, Ibnu Majah
dan Darimi. Hadits meniko dishohihkan oleh Al-Albani)
Kautamaanipun
ageng sanget menawi kita sedekah. Kados dawuhipun Rasululloh:
وَالصَّدَقَةُ
تُطْفِئُ الْخَطِيئَةَ كَمَا يُطْفِئُ الْمَاءُ النَّارَ
Sedekah kuwi memadamkan dosa padha karo geni bisa dipadamke karo banyu
Sedekah kuwi memadamkan dosa padha karo geni bisa dipadamke karo banyu
(HR. Tirmidzi no. 2616 dan
Ibnu Majah no. 3973)
Sak rupi rupi pengadatan punika
tetep lumampah sae ing masyarakat kita, sinaosa wonten ing kondisi ekonomi sulit, amergi reregan kabetahan pokok
sami mindak selangit, ananging umat Islam sami entheng lan ikhlash nindakaken
dawuh menika. Pancen wonten pangandika ingkang sanget nggigah semangat
ibadah kita, bilih miderek setunggaling
dawuh hadits swarga punika sanget branta lan kangen kaliyan tiyang werni
sekawan. Salah setunggalipun inggih punika :
مطـعـم الـجـيـعـان
“Wong kang aweh pangan marang wong kang kaluwen”.
Kita maklum bilih saben sonten menjelang buka katah umat
Islam sami kempal ing papan papan tertentu, kadosta wonten ing masjid,
mushalla, langgar lan papan papan sanes, sedaya sami shiyam, kangge nengga
dumuginipun wekdal buka sami kempal ngawontenaken majlis ilmi utawi pengaosan,
tentu kemawon majlis menika kempalipun tiyang ingkang sami luwe. Mila
pengadatan lajeng kanti gilir gumantos saben dinten wonten kemawon ingkang
maringaken shadakah kangge mbukani sederek ingkang sami kempal nandang luwe
punika.
Kebiasaan mekaten sampun mbalung sungsum tumrap masyarakat kita
amergi yakin sanget bilih banda ingkang
dipun ginakaken kagem shadaqah punika tentu bade dipun gantos dening Allah
kanti tikel matikel. Jalaran Allah mila sampun paring dawuh :
وَمَا أَنْفَقْتُمْ مِنْ شَيْءٍ فَهُوَ
يُخْلِفُهُ ۖ وَهُوَ خَيْرُ الرَّازِقِينَ
“Lan apa wae kang sira infaqake saka bandamu, mangka Allah
mesti bakal ngganti, Lan Allah iku Dzat Kang luwih becik becike kang paring
rizki” (QS. Saba’ : 39).
أقول قو لي هذا واستغفروا الله لي و لكم إنه هو الغفور الرحيم.
Khutbah 2
إِنّ
الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ
بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ
يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُوْلُهُ
Para sederek kaum muslimin rahimakumullah……
Wusananipun kita sami nyuwun dateng ngarsa dalem Allah
Ta’ala, mugi mugi sedaya amal ibadah kita tinampia ing ngarsanipun Allah
pikantuka lelintu ganjaran saha karidlan saking ngarsa dalem Allah Ta’ala.
Pinaringana kekiyatan dhohiron wa bathinan, saget nindakaken kwajiban shiyam kita ngantos dumugi paripurnanipun wulan
punika kanti sabar, ikhlas lan ridla.
Wekasan pinaringana khusnul khatimah. Amiin.
اَللَّهُمَّ
صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى
إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى
إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ.
رَبَّنَا
ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا فَاغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَكَفِّرْعَنَّا
سَيِّئَاتِنَا وَتَوَفَّنَا مَعَ اْلأَبْرَارِ. رَبَّنَا لاَ تُؤَاخِذْنَا
إِنْ نَّسِيْنَا أَوْ أَخْطَأْنَا، رَبَّنَا وَلاَ تَحْمِلْ عَلَيْنَا
إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِيْنَ مِن قَبْلِنَا، رَبَّنَا وَلاَ
تُحَمِّلْنَا مَالاَ طَاقَةَ لَنَا بِهِ، وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا
وَارْحَمْنَا أَنتَ مَوْلاَنَا فَانصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ
رَبِّ اجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا وَاجْنُبْنَا وَبَنِيْنَا أَن نَّعْبُدَ الأَصْنَامَ
رَبَّنَا
آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ
النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
0 komentar:
Posting Komentar